Rabu, 27 Maret 2019

DAMPAK MEDIA SOSIAL DUMATENG PENDIDIKAN


DAMPAK MEDIA SOSIAL DUMATENG PENDIDIKAN
Assalamualaikum wr.wb
Kawula nuwun dumateng panjenganipun ibu guru ingkang tansah kawula hormati.
Sumrambahipun dumateng kadang kulo ingkang kawulo tresnani
Langkung rumiyin sumonggo tansah kawula derekaken memuja lan memuji dumateng Gusti Allah SWT. Inggih awit karono barokah, rahmat, hidayah sarto inayahipun Gusti Allah SWT
kula panjenengan sedoyo saged makempal-manunggal wonten ing siang punika tansah sehat wal afiat boten wonten alangan satunggal ponopo.
Kawula ngaturaken matur nuwun ingkang tanpo upami sampun diparingi wedal wonten ing siang punika ngadeg wonten ngarso ngajengandiko bilih ngaturaken pidato babagan pendidikan.
Panjenganipun poro hadirin ingkang satuhu bagyo mulyo.
Wonten ing era globalisasi puniko perkembangan jaman tansah langkung maju, tentu kewolo sedanten langkung gampil komunikasi. Wonten ing jaman globalisasi katah sanget media sosial ingkang maneko warno antawisipun  Facebook, Twitter, Instagram lan sak panungal liyanipun. Kathah Remaja ngange jejaring sosial punika kangge nambah jaringan kekancan. Kathah ugi tiyang sepuh gadhah akun facebook utawi twitter.
Facebook lan twitter salah satunggaling media sosial ingkang kathah gandrungi saking kalangan remaja dugi katangan tiyang sepuh.
Wonten ing jaman sakniki kathah ugi ingkang gunakaken kangge kepentingan bisnis, komunikasi internet, injih amargi fitur tampilan saho sistemipun gampil sanget.
Nanging sepindah malih jeneng e teknologi mesti wonten dampak positif lan negatif. Kadang kalo ingkang ngunakaake media sosial kesupen punopo ingkang dados kewajibanipun.
Tulodhonipun:
-Kathah pelajar kesupen sinau, amargi asyik dolanan Facebook, pelajar dados males sinau
-Kathah pelajar ingkang boros ngunakaken arta kangge maen game online
Panjenganipun poro hadirin ingkang satuhu bagyo mulyo. Bilih wonten masalah kados puniko sikap kulo panjenengan sedoyo kados pripun?
Langkah sepindah nuwun inggih kulo panjenengan sedoyo kedah rubah bilih dampak negatif puniko supados dados dampak ingkang positif.
  • Media facebook utawi twitter dipun dadosaken media kangge sinau lan papan panggonanan kangge tukar informasi.
  • Media facebook utawi twitter dipun dadosaken media ngembangke potensi awak e dhewe.
  • Media facebook utawi twitter dipun dadosaken papan kangge diskusi jaring opini saking masyarakat.
Kesimpulanipun:
Media sosial saged dadosaken dampak negatif ugi saged dadosken dampak ingkang positif. Sedoyo kalawau dipun wangsulaken dumateng kulo panjenengan sedoyo ingkang nindakaken. Bilih kulo panjenengan sedoyo gunakaken media sosial kangge
ngembangke diri mesti bakal saged dadosaken dampak
ingkang positif dumateng kulo panjengan sedoyo.
Mekaten mbok bilih ingkang saged kawulo aturaken bilih wonten beneripun mugi kulo panjenengan sedoyo saged nindakaaken sahinggao kulo panjenengan sedoyo ugi bakal nampi kesaenan. bilih wonten lepating kawulo kulo tansah nyuwun pangapunten.
Wassalamuaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Entri yang Diunggulkan

KUNCI PELATIHAN KARYA TULIS ILMIAH BAGI GURU DAN DOSEN SASARAN

 PELATIHAN KARYA TULIS ILMIAH BAGI GURU DAN DOSEN SASARAN  Berikut kami sampaikan kunci jawaban pelatihan Karya Tulis Ilmiah yang disele...